Basa Pekal

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Pekal
Dituturaké ing Indonésia
Wilayah Kabupatèn Mukomuko; tlatah sakiwa-tengené wates Jambi lan Sumatera Kulon
Gunggung panutur 30.000 (sènsus 2000)
Rumpun basa Melayu-Polinésia
Kodhe basa
ISO 639-1 -
ISO 639-2 -
ISO 639-3 pel

Basa Pekal yaiku basa kang dituturaken ning wewengkon kacamatan Ketahun, Kabupatèn Bengkulu Lor[1] Provinsi Bengkulu. Golongan masarakat kang nuturaken basa iki karan suku Pekal atawa Ketahun. Miturut Monografi Provinsi Bengkulu taun 1975, wong Ketahun iku asimilasi antara wong Muko-muko ning pérangan lor bari wong Rejang ning pérangan kidul. Bisa didudut yèn basa Pekal ana campuran basa Muko-muko lan basa Rejang. Nanging miturut Ethnologue[2], basa Pekal manjing kelompok basa-basa Malayik. Basa Pekal uga dituturaken ning Kacamatan Seblat: Pasar Seblat, Talang Arah, Suka Negara, Karia Bakti, Suka Medan, Suka Merindu, Suka Maju, lan Suka Baru. Ana maning ning Désa Ipuh (Kacamatan Muko-muko Kidul). Wong Pekal iku akéhé duwé pagawéan tani lan ana keding kang ngeladang alih. Basa Pekal ésih nduwéni fungsi kadudukan lan dienggo ning lingkungan kulawarga, minangka sarana komunikasi masarakat, basa pengantar ning sekola-sekola, lan identitas daérah Ketahun[1].

  1. a b Nikelas, Syahwin, dkk (1986). Struktur Bahasa Pekal. Jakarta: Depdikbud.
  2. "Pekal". Dibukak ing 24 Sèptèmber 2017.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search